MATERI BAHASA JAWA GUYUB RUKUN

0

Presentation Transcript

  • 1.SD Muhammadiyah 12 Surabaya BAHASA JAWA KELAS IV BAB 1 GUYUP RUKUN
  • 2.KD. 3.1. Mengenal, memahami, mengidentifikasi teks puisi modern dalam bentuk lisan dan tulisan.Indikator1. Mengidentifikaasi teks puisi berdasarkan tema2. Menjelaskan struktur puisi3. Menjelaskan kata-kata sulit teks puisi modern4. Menjelaskan isi teks puisi modern KD. 4.1. Membaca ekspresi teks puisi puisi modern Indikator Menulis sesuai tema Membaca ekspresif teks puisi modern
  • 3.Guyub Rukun Guyub yaiku greget (semangat) tumindak bebarengan Rukun yaiku urip kang selaras lan ngedohi pasulayan utawa ora tukaran Guyub Rukun kudu dikulinakake lan wajib ditindakake karo kabeh anggota kaluwarga. Marang tangga aja seneng tukar padu, kudu tulung-tinulung lan tepa slira. Guyub Rukun ing sekolah bisa katindakake kanthi cara ngajeni lan mituhu marang guru, sinau bebarengan karo kanca tanpa mbedak-mbedakake sugih utawa mlarat, gotong royong ngresiki lingkungan sekolah, lan liyan liyane
  • 4.Rukun agawe santosa, crah agawe bubrahtegese : rukun ndadeake kuwat, cecrongkahan ndadekake bubrah Gooooong! (Dening : Auliya Azizah Dak deleng gong gumantung ing gayor Ana sing cilik ana sing gedhe Endah disawang kepenak dirungu Kabeh nunggu giliran ditabuh Ora ana sing meri dengki Ora ana sing cupet budine Ora ana sing rumangsa dikuwalonake Ora beda karo kulawargaku Adhik nyapu latar aku ngumbah motor Ibu tata dhahar bapak tindhak kantor Kabeh meres kringet ,,, meres piker Gung …. Goong …. Gaaaooong …. Adhem ayem Pasinaon 1 : Teks geguritan Tema Guyub Rujun
  • 5.Gladhen 1 : Niteni Geguritan Adhedhasar Tema Geguritan yaiku puisi basa jawa gagrak anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok, bebas jumlah larik ing saben pada (bait), bebas jumlahe pada, lan bebas pilihan tembung kang digunakake, sing penting, isine mentes lan pantes. Sing perlu digateake nalika nulis geguritan yaiku : Netepake tema karangan, yaiku gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan. Tema iku kudu mupangat dadi wadahe karangan, tegese karangan ora oleh metu utawa mlenceng saka tema (wadhah) sing wis ditetepake.
  • 6.Gladen 2 : Njlentrehake Struktur Teks Geguritan Gegeguritan iku mujudake puisi basa jawa gagrak anyar sing bebas, nanging umume strukture geguritan mujudake gabungan saka limang perangan, yaiku : Tembung Larik Pada / bait Uni / swara Surasa / makna
  • 7.Kanggo nyinaoni struktur teks geguritan, gatekna table struktur teks geguritan 1 kanthi irah-irahan “Goooong” ing ngisor iki!
  • 8.Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Babagan Teks GeguritanT Njlentrehake Isine Gegurita Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud teks iki diarani parafrase. Parafrase katindakake kanthi ngowahi susunan pada (bait) dadi paragraph, nanging tanpa ngowahi isine.
  • 9.Pasinaon 3 : Makarya Kanthi Mandhiri Babagan Teks Geguritan Nulis Teks Geguritan Kowe mestine nate dolanan kara kacamu ing plataran omah, dolanan sing kowe lakoni kuwi critaake wujud geguritan, carane Nemtoake tema Tuladha : dolan bebarengan Nemtoake gagasan pokok. Saben sapada mung momot siji gagasan utama. Ngembangake gagasan pokok dadi bait-bait
  • 10.Mancing Surya mletek minggu pahing Aku sakanca budhal mancing Kanthi bekal walesan umpan Dakpancal sepedaku turut dalan Gurame, nila, lan emas ora dakrasa hawane tansah panas banyu sabotol taksikat amblas senar ditarik atiku dheg-dheg plas Iwak sak kilo didum padha Padha cilik padha nrima Mesem ngguyu atine seneng Aku sak kanca mulih bareng Pada 1 Minggu esuk budhal mancing bareng kanca Pada 2 Kahanan ing kolam renang Pada 3 Kabeh padha seneng
  • 11.Maca Teks Geguritan Kanthi Polatan kang Trep Maca geguritan iku satemene duwe tujuan supaya wong liya bisa ngrungoake kanthi ati sing tenang lan ngerti isine geguritan kasebut. Mula sapa wae sing arep maca geguritan becike bisa ngrasake lan ngerti isine geguritan dhisik. Bab sing kudu diperhatekake nalika maca geguritan yaiku : Olah swara (olah vocal) Patrap (ekspresi) Nyawiji (nyetel antarane isi geguritan karo sandangane) Sarana